Sambutan Wakil Santri Bahasa Jawa
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا
ته
Hadrotal Mukarromin, para Alim
Ulama' poro kyai, sesepuh pinisepuh Wabil Khusus Romo Kyai ............... (mubaligh)
Romo Kyai ........... Selaku Pengasuh Pondok Pesantren .......... ingkang kawulo
ta’dzimi
Soho Dewan Asatidz wal asatidzah
ingkang kawulo mulyaaken
Ingkang kawulo hormati bapak camat .......
Ingkang kawulo hormati bapak kepala
desa ......
Ingkang kawulo hormati bapak / ibu
wali santri.
Konco” santriwan santriwati ingkang
kawulo tresnani
Wonten ing
kesempatan dalu meniko, kintenipun mboten wonteng kata-kata ingkang manis,
ingkang pantes kulo aturaken wonten permulaan atur kulo, kejawi nglahiraken
raos puji syukur, dateng Alloh SWT biqoulina ….
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
Ingkang sampun paring rohmat taufiq serto hidayahipin
dumateng kito sahinggo ing dalu meniko kito saget makempal wonten acara haflah
akhirussanah pondok pesantren .............. kanti kawontenan sehat, rahayu
wilujeng mboten wonten alangan satunggal punopo.
kaping kalihipun sholawat soho salami pun
alloh mugio tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW ingkang sampun mbimbing umatipun saking jaman jahiliyah dumugi jaman
islamiyah, ingkang kito ajeng ajeng syafatipun wonten ing yaumul kiamah mangke.
Amiin
Kaping tigonipun kulo wonten mriki minongko
wakil saking konco” santri sedoyo badhe ngaturaken agungeng panuwun ingkang
tanpo upami dumateng Romo Kyai Haji ............ selaku pengasuh PP. ........... ingkang sampun nggulo wentah kulo kalih
konco” santri kanti sae, ikhlas lan sabar. Mboten waleh” ipun ngengetaken kulo
sak konco menawi kulo sak konco salah, lan sampun maringaken papan damel kulo
kalih konco” santri tholabul ilmi wonten mriki.
Saklajengipun kulo ngaturaken agungeng
panuwun dumaten segenap dewan asatidz wal asatidzah ingkan sampun susah payah
membimbing, mendidik, membina kulo lan konco” sedoyo, maringaken ilmu saben
dintenipun kanti ikhlas lan sabar. Sampun memberikan sedoyo ilmunipun damel
minteraken kulo kalih konco” sedoyo.
Kawulo sak konco mboten saget mbales
menopo” dateng abah soho ibuk soho sedoyo dewan asatidz asatidzah. Kulo namung
saget ndungakaken Mugi” atas jerih payahipun abah ibuk soho dewan asatidz
sedoyo dipun tampi dening alloh swt. Lan Mugi” alloh SWT mbales amal”ipun abah,
ibuk soho sedoyo dewan asatidz asatidzah kanti balesan ingkang sak sahe”nipun. Lan maleh mugi” alloh tansah paring
panjangipun yuswo , tetep sehat , tetepipun iman islam sahinggo panjenengan
sedoyo taksih saget melanjutkan perjuangan untuk mencerdaskan anak bangsa. Amiin
Hadirin rohimakumulloh
Kulo sak konco ngaturaken agungeng panuwun
ingkang tanpo upami dumateng bapak/ibu wali santri ingkang sampun mondokaken
kulo sak konco wonten pondok mriki. Alhamdulillah, mboten salah panjenengan
mondokaken kawulo sak konco wonten pondok ingkang luar biasa niki. Mugi” alloh
paring piwales dumateng panjenengan atas pengorbanan panjenengan. aamiin
Lan ing mriki kawulo nyuwun tambahipun
barokah dongo dumateng sedoyo dewan asatidz asatidzah mugi” sedoyo ilmu”
ingkang sampun kulo pelajari wonten ing pondok lan madrasah menikosageto dados
ilmu ingkang maslahah, manfaah, lan barokah akhiripun saget kulo damel lantaran
anggen kulo taqorrub dateng alloh swt.
Hadirin rohimakumulloh !
Saklajengipun kulo sak konco ngaturaken
sedoyo kalepatan dumateng abah, ibuk soho sedoyo dewan asatidz asatidzah amargi
katah sanget kekilafan ingkang kawulo perbuat. Selami kulo sak konco belajar
wonten mriki sering” damel susah payahipun abah, ibuk soho sedoyo dewan asatidz
asatidzah. Pramilo sedoyo kesalahan kulo sak konco nywun dipun aliraken samudro
kema’afan lahir lan batin.
Soho dumateng tiyang sepah sedoyo kulo
nyuwunaken ngapunten ingkang sak ageng”ipun, menawi kulo sak konco ndamel
panjenengan wonten dalem khawatir.
Dumateng sedoyo tanggi tepalih kulo makili
konco” santri sedoyo ngaturaken sedoyo kalepatan. Sering kulo damel susah ipun
panjenengan sedoyo. Tentang tata kromo kulo sak konco kiirang ngresepaken
penggalih panjenengan sedoyo. Kulo makili konco” sedoyo ngaturaken agungen
samudro pangaksami.
Poro konco-konco santri ingkang kulo
hormati !
wonten kesempatan meniko kulo mengajak dumateng konco-kangge ningkataken mutu semangat belajar lan berjuang kanthi sungguh-sungguh lan sabar. Sampun ngantos putus sebelum berhasil. Terus di lanjutaken mondokipun. Walaupun pondok kito niki alit insyaalloh menawi kito sedoyo sungguh” hasilipun mboten kalah kalih pondok” ingkang langkung ageng. Mboten perlu tebih” mondokipun, ingakang penting kito sunnguh” tholabul ilmi, mureh ridhonipun ustadz ustadzah. Insyaalloh kito saget ngunduh aselipun mbenjing naliko sampun medal saking pondok meniko.
wonten kesempatan meniko kulo mengajak dumateng konco-kangge ningkataken mutu semangat belajar lan berjuang kanthi sungguh-sungguh lan sabar. Sampun ngantos putus sebelum berhasil. Terus di lanjutaken mondokipun. Walaupun pondok kito niki alit insyaalloh menawi kito sedoyo sungguh” hasilipun mboten kalah kalih pondok” ingkang langkung ageng. Mboten perlu tebih” mondokipun, ingakang penting kito sunnguh” tholabul ilmi, mureh ridhonipun ustadz ustadzah. Insyaalloh kito saget ngunduh aselipun mbenjing naliko sampun medal saking pondok meniko.
Tapi menawi wonten ingkang sampun badhe
ninggaleken pondok meniko kulo pesen tetaplah jaga nama baik pondok kito niki, tetap
jaga nama baik abah ibuk soho ustadz ustadzah sedoyo, sampun ngantos supe kalih
abah ibuk soho dewan asatidz sedoyo, lan ilmu ingkang nate panjenengan pelajari
wonten pondok niki panjenengan amalaken wonten pundi mawon panjenengan manggen
mangke.
Lan maleh sampunt ngantos supe kalih konco”
panjenengan wonten pondok meniko, kenangan” kito, susah seneng kito, tetep o
dados kenangan terindah damel perjalanan urip kito, sekali kito sedoyo konco,
selaminipun kito tetep konco,
Pramilo sangking meniko monggo kito samiyo
ngatah-ngatahaken dongo nyuwun dateng Alloh, mugi-mugi Alloh ngasilaken
perjuangan kito sedoyo sehinggo saget tercapai lain terwujud cita-cita ingkang
kito sedoyo impeaken. Mugi” kito saget meneruskan perjuangan abah ibuk soho
dewan asatidz sedoyo, sahinggo kito sedoyo saget dados tiyang ingkan berguna
bagi agama nusa dan bangsa, aamiin
Kintenipun cekap semanten ingkang saget
kawulo aturaken. Menawi wonten kesalahan saking atur kawulo, kawulo nyuwun
ngapunten ingkang sak ageng”ipun.
Akhirul kalam, wallohul muwafiq ila
aqwamith thoriq.
Wassalamu ‘alaikum wr.wb.

Komentar
Posting Komentar